Friday, January 31, 2014

Lirik lagu Balen

Balen
Vokal: Manthous & Nurhana


Pa:
Jan jane dik, aku wis rindu
Wis rong taun lawase ora ketemu,
Eling-eling dik, jamane semono
Runtang runtung anane, ra ono liyo

Pi:
Jan jane mas, aku wis lali
Gelang alit bebasan kang mungguhing driji,
Nora gampang, tambani cuwaning ati
Ora semoyo mas, aku ra janji
mp3lirikfilm.blogspot.com

Pa:
Horotoyoh
Nganggo theklek kecemplung kalen,
Timbang golek dik,
Sing apik luwung balen

Pi:
Sabar Mas, mbok sabar ora kesusu
Yen kesusu, tundhone wis mesti kleru

Pa:
Estu dik wis dadi antebing kalbu
Tak belani, jiwo rogo tulusing ati

Pi:
Sabar bola-bali wis tak aturi
Yen kuciwo, njur getun tibane mburi

No comments:

Post a Comment